MUSUH NANG NJERO KEMUL

Mohon maaf judul tidak bisa dipahami oleh sebagian sahabat karena menggunakan bahasa daerah dengan logat bebas. "Musuh Nang Njero Kemul" sama juga berarti "Musuh Dalam Selimut". Tentu penggambaran ini sudah tidak asing lagi bagi sahabat sekalian, dalam bahasa perang atau perjuangan bisa juga kita samakan dengan sebutan "separo penghianat", dalam term kesilaman lebih familiar dengan sebutan kaum munafik. 









Tabiate wong Muna (munafik) sing ngaku Islam secara lahiriyah tok pancen njengkeli banget. Ngakune Islam tapi gaweane seneng ribut, gawe gaduh, nyebar hoax, adu domba nang tengah-tengah barisan kaum muslimin. Soelah-olah melu berjuang membela Agama Alloh, tapi nek wis tekan panggonane palah senengane mecah belah, gembar-gembor kabar sing ora-ora, fitnah nang tengah-tengah kaum muslimin di sebul-sebul ben pada ragu karo perjuangan muslimin. Njengkeli banget! melu nang barisan perjuangan kaum muslimin tapi wong Muna (munafik) kui bukane nambah kuat barisan tapi gur nambah gawe repot. لَوْ خَرَجُوا۟ فِيكُم مَّا زَادُوكُمْ إِلَّا خَبَالً "Jika mereka berangkat bersama kamu, niscaya mereka tidak akan menambah kamu selain dari kesrusakan." (QS. At-Taubah: 47)

Tapi yo heran kenapa tetep ana bae wong-wong muslimin sing percaya ples taat karo kelakuane kaum Muna kui mau وَفِيكُمْ سَمَّٰعُونَ لَهُمْ  "sedang di antara kamu ada orang-orang yang amat suka mendengarkan perkataan mereka". Jebul ternyata wong penikmat berita hoax, gosip miring, stigma negatif, tuduhan-tuduhan fitnah sing di sebarkan nang tengah-tengah kaum muslimin nggo mecah belah barisan ummat ncen anu nyata anane. Nah sahabat sekalian, awake dewek juga kudu ngati-ati jangan-jangan dewek termasuk wong sing termakan kabar-kabar ora jelas kui mau apa dudu? sebab di jelasna nang tafsir Ibnu Katsir makana وَفِيكُمْ سَمَّٰعُونَ لَهُمْ  yakui, ana wong-wong sing taat karo mereka, percaya karo omongane lan palah kadang njaluk pendapate mereka. Nah kejadian kie justru palah nambah kekacauan dan kerusakan gede nang njero barsane kaum muslimin.   

Kaum Muna sebenere kue anu wong-wong sing jirih (weden), cemen, lalai lan lemah. Biasane nek ana panggilan perjuangan milih golet-golet alesan pie carane izin ora melu mangkat, tapi nek sekaline melu mangkat yo kui mau palah gawe onar gawe teror nang tengah kaum muslimin. Contoh nyatane nang kisah sejarah perjuangan Nabi Muhammad ﷺ  juga ana wong model koyo ngono, Muhammad Bin Ishaq ngendiko, bahwa wong-wong sing najluk izin (ora melu perang) adalah wong-wong gede (terhormat) tur berpengaruh, antarane kaya Abudllah bin Ubay bin Salul, Al-Jad bin Qais. Nah wong Muna loro kie termasuk wong berpengaruh nang kaume. Dadi mungkin pantes bae ya? ana wong sing percaya karo mereka soale biasane wong kan gampang percayanan karo wong sing ketone terhormat padahal gaweane anu mecah belah ummat.

Ciri-cirine kaum Muna kui salah sijine maning yakui angger kaum muslimin entuk kemenangan, berhasil ngalahna musuh utawane entuk pitulunggane Gusti Allah mesti wong Muna ngrasa jegkel karo sedih. Tapi sebalike nek kaum muslimin lagi di timpa musibah kaum Muna palah seneng, trus ngomong sing semisal "nah... kan, kandani kok, Kit awal ki aku wis ati-ati ben ora usah melu perang" 
إِن تُصِبْكَ حَسَنَةٌ تَسُؤْهُمْ ۖ وَإِن تُصِبْكَ مُصِيبَةٌ يَقُولُوا۟ قَدْ أَخَذْنَآ أَمْرَنَا مِن قَبْلُ وَيَتَوَلَّوا۟ وَّهُمْ فَرِحُونَ
"jika kamu mendapat suatu kebaikan, mereka menjadi tidak senang karenannya; dan jika kamu ditimpa oleh suatu bencana, mereka berkata: "Sesungguhnya kami sebelumnya telah memperhatikan urusan kami (tidak pergi perang)" dan mereka berpaling dengan rasa gembira". (QS. At-Taubah: 50).

Ya! wis tabiate kaum Muna ncen nyebeli koyo ngono. Tapi Gusti Allah wis due jawaban sing di ajarna meng Nabi Muhammad  lan wong muslimin kabeh angger ngadepi kaum Muna, nang Al-Qur'an kitab sucine wong Islam nerangna jawaban nggo ngadepi permusuhan kaum Muna sing tabiyate kaya wis di jelasna nang nduwur mau.
 قُل لَّن يُصِيبَنَآ إِلَّا مَا كَتَبَ ٱللَّهُ لَنَا هُوَ مَوْلَىٰنَا ۚ وَعَلَى ٱللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ ٱلْمُؤْمِنُونَ 
"Katakanlah, sekali-kali tidak akan menimpa kami melainkan apa yang telah di tetapkan oleh Allah bagi kami. Allahlah pelindung bagi kami, dan hanya kepada Allah-lah orang-orang yang beriman harus bertawakkal." (QS. At-Taubah: 51). 

Dadi kaum muslimin ora perlu ragu nang dalan perjuangan, ora mungkin sesuatu kedaden nang tubuh muslimin selain dari apa sing wis di garisna nang Gusti Allah. Apa bae hasile perjuangan kaum muslimin kabeh kue apik, ora ana liyane sing di tunggu-tunggu nang kaum muslimin kecuali salah siji soko loro kebaikan, yaiku mati syahid sebagai pejuang utawane menang berjaya dalam perjuangan.
قُلْ هَلْ تَرَبَّصُونَ بِنَآ إِلَّآ إِحْدَى ٱلْحُسْنَيَيْنِ

Sedulur, moga-moga gusti Allah paring keteguhan iman lan istiqomah kanggo dewek kabeh. Semoga Gusti Allah njaga terus supaya dewek ora termasuk golongan wong sing Muna. Amiin. Wallahu a'lam.        

Posting Komentar

0 Komentar