Bakul Wedus!!!

Akeh banget…
                Gemiyen pas wulan puasa ramadhon kae akeeehhh banget bakul es nang pinggir dalan, mulai kes es buah, es cendol, es doger, es duren, alah pokoke macem-macem werna es didol. Meh saben 10 meter ana bakul Es nang pinggir dalan. Pada jejer-jejer apik bangaet kae. Apa mening nek wis wayah garep buka puasa…. Alah biyuhhh… akeh bangat wong-wong pada gemlidir tumplek blek nang pinggir dalan pada tuku es karo panganan. Nyenengi banget dideleng, apamening ne kana “si dia” melu tuku Es. Hehehe___ wulan puasa memang gawa berkah nggo wong-wong sing pada dodolan panganan.
                Beda karo siki…. Tek takoni koe pada ya? Bulan-bulan kie, Hewan apa sing lagi dadi idola? Heheh___ WEDUS MBOK JAWABANE!!!. Ya ibarate siki Artis kae ya mirip kaya WEDUS. Hehehe___ terkenal banget, digeleti kabeh wong, ya ditonton, ya disoting, ya dipoto, yaaa… pokoke dadi pusat tontonan karo perhataian. Hahaha--- maaf ya tis? Artis!!.
Deleng bae siki, ujug-ujug akeh wong sing mendadak pada dadi bakul wedus. Nang pinggir-pinggir dalan kae ya akeh kandang-kandang pada digaweni. Mambu prengus si enek liwat, kadang mikir juga jorok juga nek weduse pada pipis karo e’eh nang kono. Tapi ya keprie maning… nang balik suasana kue ya hikmae tentu akeh. Syariat islam kue mantep banget lah… Jos Gandos. BAYANGNA… rega wedus saben tahun mundak, tapi ya tetep akeh bae sing pada bisa tuku. Saben tahun ewon-ewoh bankan jutan wedus/sapi di sembelih tapi ya ora tau entek/punah, pas oara kurban ya di sembelih nggo panganan. Padahal wedus apa sapi kan nek manak paling 2 ekor kan aben manak?
                Mergane anu Hari Kurban kue para bakul wedus dadakan lan juragan siki rejekine Alhamdlillah lancar, tukang mobil pik-ap ya kecipratan dadi mobis sewan ngangkuti wedus, bakul arit, gobed ya dadi di tukuni nang warga masyarakat, bakul bumbu sate, rendang, rica-rica, gule, wis pokoke jenis masakan daging wedus/sapi apa ae pada payu dodolane. Mantep banget!!!. Bayangan bae… karena anane kurban kue warga masyarakat sing setaun’ne ora tau mangan/jarang managan iwak wedus apa sapi nang dina-dina kue ya dadi bisa mangan daging. Alhamdulillah bangaet kan?
                Sing lewih penting maning… karena idul adha kue mau, warga masyarakat dadi bisa kumpul bareng-bareng nang mesjid mbeleh wedus. Bocah-bocah cilik pada nonton asyik’ke mbeleh kurban…
Kit esuk tekan sore pada guyub rukun ngurusi daging kurban. Udu mukur dina kue tok jan-jane, ket adoh-adoh dina juga wis pada rembugan ngurusi kurban. Jan apik tenan syariat kurban kue mau mbok.
Gusti Alloh pancen Maha Adil.

TEK TAKONI SIKI… 
Koe doyan iwak wedus???

إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ  فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ
“Sesungguhnya Kami telah memberikan karunia sangat banyak kepadamu,   maka sholatlah untuk Tuhanmu   dan sembelihlah kurban.”

(QS. Al-Kautsar 1-2)

Posting Komentar

0 Komentar